Update: Tutor UBL Bahasa Indonesia Unlock Bootloader Xiaomi iku guampang lur, tapi kudu seng suwantae. Butuh waktu 2-7 dino gae ngenteni ijine Xiaomi.
Langsung ae, asline luweh enak nek moco carane nge-flash [teko kene](http://en.miui.com/a-234.html). Teko kono engko di arahno nang halaman mi unlock tapi wes kadung moco nuk kene yo dilanjut ae yo..
Carane Unlock Bootloader Hape Xiaomi iku guampang:
- Bar mbuka’ halaman mi unlock, klik nuk Unlock Now
- Sampeyan engko dikon login nganggo akun mi seng kedaftar nuk hape Xiaomi seng atene di unlock. Terus daftar nuk forum Xiaomi. Nek aku mending daftar/login nuk forum disek sak durunge Unlock ce’ gak bolak balek.
- Nek wes daftar forum MIUI, balim nuk halaman mi unlock maneh
- Saiki klik Unlock Now maneh.
- Nek uwes lak muncol formulir unlock, isien sak karepmu, tapi kudu data asli loh yo.
Bar ngirim formulir, kari ngenteni sms teko Xiaomi. Paling cepet rong dino, paling suwi sampek semingguan. Pengalamanku telung dino wes oleh SMS. Seng suwantai pokok-e broww…
Nah, nek wes oleh sms, “*unlock permission granted””, engko peyan dikirimi link gawe nerusno proses-e. digowo rene maneh
- Klik Unlock Now maneh
- Pokok-e melu opo seng di kongkon nok kono. Turuti ae broo, download terus install sofwer Mi Unlock App
- Bukak sofwer mau, trus Login nggae akun mi seng podo karo pas daftar unlock. Kudu podo akun-e. nek seje ora iso bro.
- Wes, pateni hape Xiaomi-mu. Enteni taneg, sekitar 5-10 detik wes cukup.
- Urubnk maneh, tapi melbu fastboot mode. Carane pitekan volume - karo pitekan power barengan sampek metu gambar *“Mi Bunny ngelas** karo tulisan fastboot
- Saiki hape Xiaomi-mu encepno reng kabel data terus sambungno reng komputer utowo leptop.
- Nek uwes nyambung, enteni sediluk sampek kedetek MiFlash Unlock Tool. Lanjuten klik Unlock nek wes kedetek
- Enteni ae sampek mari. Engko hape riko mati, terus makan dewe.
Proses unlock resmi iki luweh gampang tapi butuh wektu. Dadine ojo kesusu, mundak kesikut.
Comments